Thursday, September 1, 2016

PARIBAHASA BAGI PARA PEJABAT

“Yuyu Rumpung Mbarong Ronge”
Tumrap para Koruptor

            Ing zaman modhern menika kathah tiyang ingkang kawastan “Yuyu Rumpung Mbarong Ronge” ingkang ateges tiyang ingkanggadhah dalem marong-rong utawi sugih nanging sejatinipun mlarat. Ingkang dimaksudaken mlarat inggih menika babagan ati utawi iman dhumateng Gusti Allah. Saumpami didheleng saking njawi, tiyang kasebut sugih gadhah bandha ingkang kathah, gadhah dalem ingkang sae, lemah utawi sawah, nanging sakjane tiyang menika sejatinipun mlarat babagan imanipun dhumateng Gusti Allah.
            Paribasan menika gegayutanipun kalihan para koruptor inggih menika sanadyan para koruptor menika nggadhahi arta, bandha, lan rumangsa dados panguasa, nanging sedaya wau kajupuk kanthi cara kang kirang sae amargi mendhet barang kang sanes hakipun piyambak utawi saget kasebut nyolong tingkat dewa. Le mendhetpun kathah tur mendhetipun hak tiang sanes niku sebutan koruptor. Para koruptor gadhah ati ingkang ciyut lan mlarat, tegel marang tiyang marang tiyang sanes, saha mlarat imanipun sahingga tiyang menika wantun mendhet kang sanes hakipun, boten wedi marang siksaan Gusti Allah ing alam akhirat.
            Tuladhanipun wonten ing negara Indonesia ingkang kita lenggahi menika. Indonesia gadhah ±200 yuta penduduk, 11,25% penduduk Indonesia inggih menika warga kang kirang mampu lan mbetahaken bantuan saking negara. Nanging boten dikira-kira, arta ingkang badhe kagem bantu rakyat kang kirang mampu justru malah di korupsi kalih pejabat-pejabat ingkang boten sumbud kalih jabatanipun. Pejabat ingkangmekaten ingkang kasebut “Yuyu Rumpung Marong Ronge”, gadhah bandha kathah nanging saking korupsi lan mlaratimanipun amargi kirang ngelmu dhumateng Gusti Allah.
            Pramila kita nyawang tiang menika mboten saking njawi utawi saking papan, sandhang, utawa dhaharanippun wonten restoran pundi nanging kita dheleng saking atinipun. Pripun caranipun dheleng atinipun tiang? Caranipun yaiku dheleng saking imanipun tiyang menika, akhlaqipun tiyang menika. Tiang kasebut loma nopo boten lan bandha nika kajupuk kanthi sae napa mboten.

            Mugi-mugi para koruptor kedah sadar bilih korupsi menika boten sae kagem tiyang sanes saha piyambakipun. Tiyang sanes rugi amargi boten angsal bantuan saking negata menika, koruptor rugi amargi kenging kasus korupsi saha angsal dosa kang badhe nyeret para koruptor mlebet neraka.

No comments:

Post a Comment