Monday, August 29, 2016

DIOYAK ULA VERSI 1


Lari dikejar Ular (DIOYAK ULA VERSI 1)
Gambar diambil dari internet
                  Versi   :  1

        Wektu kuwi aku karo kancaku lagi enak-enak lungguhan ana ing teras. Wektu durung wengi sekitar jam wolu. rasane adem tur wetengku rasane krucak-krucuk rada ngelih maklum mau sore aku durung mangan.
        Aku lungguhan karo kancaku sing jenenganne Arman. Kaya biasane bareng wis lungguhan mesti omong ngalor-ngidul ana wae sing dikandakke yen aku ketemu karo Arman. Wektu kuwi aku karo Arman ndilalah ngandakake babakan kebone Pak Tomo si juragan sing sugih tur rada cethil. Pak Tomo mau, duwe kebon sing ora adoh karo omahku. Kebone kebak wit duren. Aku ngerti saiki wit-wit duren wis padha awoh, ning yo kuwi mau gandheng Pak Tomo wong cethil sithik wae aku rong tau ngasakake duren panenane Pak Tomo
        "Ho...o yo Man yo, mosok tonggo cedhak rongtau ngasakake duren  koyongono gek panen ane lak  akeh to?" omongku  marang Arman.
        "Ho..ooo...yo...aku dewe ki yo nggumun kok le cethil banget", ngono semaure Arman.
        "Ngene wae nek umpamane kapan-kapan awake dewe tuku nggone Pak Tomo wae", pendapate Arman
        "Eh awake dewekan ora nduwe duit, regane yo... rodo akehhe, kan malah larang nek tuku nggone Pak Tomo", semaurku
        "Haiyo...yo", semaure Arman.
        Ora let suwe katon Arman angop "haa....hhh"
        "Piye Man ngantuk po piye", takonku marang Arman
        "Ho...o tur ngelih barang" wangsule Arman.
        "aku yo iyohe, eh ngomong-omong kebone Pak Tomo kuwi sing akeh wit duren kuwi yo okeh ulane lho..!" aku nyambung
        "Ho...o po...???" Arman Genti takon
        "Ho...o wingikae aku weruh tlolor-tlolor dowo, karang kebone ratahu diresiki" ngono semaurku
        lagi enak-enak omong-omongbabakan duren, ndilalah aku karo Arman dikageti ono swara bareang tiba sing ngegetgeti"tlebuk" krungu sepisan. Aku ro Arman mandhek anggone omong-omongan. Nilang-niling
        "Eh kae mesti duren nggone Pak Tomo"
        "Ho...o kae jikuk yo jikuk"
Aku karo Arman lagek arep menyang alon-alon marani anggonan swara  mau. Bener iki mesti durene sing tiba. Lingak-linguk ketoke Pak Tomo ora metu. Aku karo Arman langsung marani duren sing tiba mau. Ora let suwe wis katon, ndilalah aku dhewe sing nemokake mergo Arman tak kon niliki panggonan sing liya mbok menawa tibane ing panggonan liya.
        "Man-man wis oleh, iki durene, ayo cepet, alon-alon"
Lagi wae aku mlaku rong jangkah aku kaget, mburiku ono swara tleser-tleser barang dowo. Aku kaget menawa kuwi ula. Aku mandhek, swara mau melu mandhek, mbok menawa ula mau yo ora obah. Aku mlaku maneh rada banter.
        E...ula kuwi mau, melu mlaku, mula saking gilaku, aku mlayu karo omong ula...ula...ula...
Arman sing krungu sak glebet langsung mlayu banter.
        Tekan ngarep omahku duren tak tibakake. Ambekanku isih ngos-ngosan. Aku terus lungguh  ana ing kursipanggonanku lungguh karo Arman mau, terus aku ndeleng duren sing tak gawa mau."Ha...Ha...Ha,,,aku jebulane kapusan awakku dewe. sing mau tak kira ula jebulane debog gedhang. Arman ngerti aku ngguyu saka kadohan malah plenggongan.
        "Opo...Jo"pitakone Arman
        "Jebule dudu ula, jebulane debog gedhang "wangsullanku
        Arman krungu lan weruh debog gedhang sing temancep ana ing duren melu ngguyu"Ha...Ha...Ha...". Gandheng aku yo wis ngelih tur kesel, duren  langsung tak bukak lan tak pangan bareng karo Arman.

"Ihi....Mantep"

No comments:

Post a Comment