Monday, August 29, 2016

PRANATA ADICARA (MC MENARIK)

PRANATA ADICARA (MC MENARIK)
Karipta dening : Nurhafizh Muslim Aziz
Assalamu’alaikum Wr. Wb
            Wonten ngarsa para pini sepuh ingkang satuhu mulya ing budi, panjenenganipun bapak miwah ibu kepala desa ingkang pantes sinudarsana, bapak kepala sekolah ingkang kinabekten, bapak/ibu guru, karyawan ingkang kinurmatan. Para siswa kelas X, XI, saha XII ingkang kula tresnani.
            Mugi karaharjan kawilujenngan tansah kajiwa kasarira wonten ngarsa panjenengan sedaya saha kula sakmenika ngantos saklami-laminipun. Kepareng langkung rumiyin kula nyuwun agunging pangaksama awit kula sampun kumawantun cumantaka matur ngadeg wonten ngarsa panjengengan sedaya saha nggempil kamardikan panjenengan ingkang nembe lenggah sekeca wawan pangandikan. Kula kapiji minangka pamedhar sabda ndherekaken lampahing adicara ing wekdal menika.
            Saklajengipun kepareng kula ngaturaken menggah rantamaning adicara ingkang sampun rinonce :
           1.      Purwaka
           2.      Atur pambagyaharja
           3.      Atur pangandikan saking wakil siswa kelas X
           4.      Atur pangandikan saking wakil siswa kelas XII
           5.      Atur pangandikan saking kepala sekolah
           6.      Sumene
           7.      Wasana
Mekaten menggah reroncening adicara ingkang badhe kelampahan, salajengipun kasekecakaken lenggah dumugi paripurnaning adicara.
Sumangga ngengeti kawontenaken wekdal kula panjenengan sami purwakani adicara menika kanthi ndonga sesarengan, kawula nderekaken……..
Matur nuwun, mugi kanthi donga menika adicara saget lumampah kanthi wilujeng nir ing sambikala saking purwa, madya, lan wasana.
Adicara ingkang kaping kalih inggih menika pambagyaharja ingkang badhe kasarira ketua panitia Bapak Ali S. Pd. Dhumatheng Bapak Ali S. Pd kula sumanggakaken.
…………………………………………………………………………………………………………....................
Kula aturaken matur nuwun dhumatheng panjenenganipun Bapak Ali S. Pd. ingkang sampun kersa ngaturaken pangandikan wonten adicara menika.
Adicara ingkang kaping tiga inggih menika atur pangandikan saking wakil siswa kelas X ingkang badhe kasarira Ahmad Farid Fachrudin. Dhumatheng Ahmad Farid Fachrudin kula sumanggakaken.
…………………………………………………………………………………………………………....................
Kula aturaken matur nuwun dhumatheng panjenenganipun Ahmad Farid Fachrudin ingkang sampun kersa ngaturaken pangandikan.
Adicara saklajengipun inggih menika Atur pangandikan saking wakil siswa kelas XII ingkang badhe kasarira Rinto Prasaja. Dhumatheng Rinto Prasaja kula sumanggakaken.
…………………………………………………………………………………………………………....................
Kula aturaken matur nuwun dhumatheng panjenenganipun Rinto Prasaja ingkang sampun kersa ngaturaken pangandikan.
Adicara ingkang kaping gangsal inggih menika Atur pangandikan saking kepala sekolah ingkang badhe kasarira Bapak Kepala Sekolah inggih menika Bapak Jamilun, S.Pd.M.Pd.I. Dhumatheng Bapak Jamilun, S.Pd.M.Pd.I. kula sumanggakaken.
…………………………………………………………………………………………………………....................
Kula aturaken matur nuwun dhumatheng panjenenganipun Rinto Prasaja ingkang sampun kersa ngaturaken pangandikan.

Adicara ingkang kaping enem inggih menika sumene. Gegandhengan rencang-rencang sampun ngaturaken pasugatan arupi unjukan saha dhaharan, saestu kita dhahar kanthi waosan do’a.
Adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup. Nanging sakderengipun adicaramenika kita tutup, kula ngaturaken maturnuwun dhumateng para renggah sedaya ingkang sampun makempal wonten adicara menika. Kaping kalih kula nyuwun agunging pangaksama mbok bilih minangka kula dados pamedhar sabda kula kathah kalepatan. Mangga adicara menika kita pungkasi kanthi waosan hamdalah.


Wassalam’alaikum Wr. Wb.

No comments:

Post a Comment