Monday, August 29, 2016

DIOYAK ULA VERSI 2


Dikejar Ular (DIOYAK ULA VERSI 2)
Gambar bersumber dari internet
Versi  :  2

Nalika malem Jum’at Kliwon Aku janji karo Arman arep ngampiri ngaji neng omahe Pak Kyai Mujid. Jam wis nunjukake neng angka pitu. Aku gek ndang-ndang persiapan ngaji lan ngampiri Arman neng ngomahe. Sakwise tekan ngomahe Arman, aku banjur ndodog lawang  “Thok-thok-thok assalamu’alaikum, Man...Man...”. Arman banjur njawab “wa’alaikum salam, eh Jo wis tekan kene to, yo wis gek menyang yo!”.
Aku sido menyang karo Arman. Men cepet tekan, aku karo Arman lewat kebonne Pak Tomo. Neng kebone Pak Tomo kuwi suasanane peteng ndedet ora ono lampu ming ono padange rembulan.
Sakwise tekan neng papan ngaji aku lan Arman banjur lungguh diterusake nderes. Aku lan Arman oleh bagian ngaji paling akhir. Pertengahan ngaji Arman dipethuk keluargane lan dikon pamit amarga simbahne lara mendadak. Aku terus mbatin “aku mengko le bali karo sapa ya....? Mosok bali dewe, wedi aku”.
Jam wis nuduhake ning ongko songo. Neng papan ngaji ming gari aku lan pak kyai. Aku kepeksa bali dewe, ora ana sing ngancani. Tekan kebone Pak Tomo rasane ana sing ngetutke aku, kresak-kresek unine. Aku banjur ndelok mburi, bentuke cilik lan dowo. Tanpa  mikir-mikir aku langsung mlayu bablas karo muni ula...ula...ula.... Aku mlayu rada banter ulane ya rada banter le ngetutke. Tak banterke la mlayu ulane ya tambah banter le ngetutke. Aku saya suwe saya wedi, banjur tak serokke suaraku lan mbengok sak pol-pole muni ula...ula...
Tekan ngarep omahku aku malah digeguyu karo bapakku. Aku nggumun karo bapakku ngerti ana uwong dioyak ula kok malah digeguyu, ora ditulungi. Sakwise kuwi aku banjur marep mburi. Aku ya malah dadi “ha...ha...ha...”. Jebulane sing ngoyak aku mau dudu ula, nanging debog pisang kang cementel neng sandalku.

No comments:

Post a Comment